Masjid Agung Banten

Masjid Agung Banten

Masjid Agung Banten inggih punika salah satunggaling masjid ing Indonésia ingkang minangka asiling tilaran sujarah saking Kesultanan Banten. Masjid punika dipunyasa déning Sultan Maulana Hasanuddin ingkang minangka putranipun Sunan Gunung Jati nalika taun 1522 M – 150 M.[1] Masjid Agung Banten punika kalebet salah satunggaling masjid ingkang paling sepuh ing Indonesia ingkang gadhah aji sujarahipun. Saben dintenipn, masjid punika rame dipunrawuhi déning para peziarah ingkang asalaipun boten naming saking Banten nanging ugi kathah saking mapinten-pinten tlatah ing Indonesia, mliginipun tlatah-tlatah ing Pulo Jawa. Masjid Agung Banten mapan wonten ing Désa Banten Lama, udakawis 10 km saking sisih lor kitha Serang.

  1. [1] Archived 2013-03-07 at the Wayback Machine. Masjid Agung Banten (dipunundhuh tanggal 19 Januari 2013)

© MMXXIII Rich X Search. We shall prevail. All rights reserved. Rich X Search